GKJ Wonogiri GKJ Wonogiri
Berita

RENUNGAN HARIAN

KAMIS, 23 OKTOBER 2025

Kamis, 23 Oktober 2025 4
GKJ Wonogiri

Yeremia 9:1-16; Jabur 84:1-7; II Timoteus 3:1-9

PEMUT LAN TULADHA

“Dohana wong-wong kang kaya mangkono iku!”

(II Timoteus 3:5b)

Bu Minal ngolah jangan jipang, nggoreng bakwan jagung karo nyambel trasi. Trisno mangan telap-telep merga kuwi sing dadi karemane. Ora suwe, Trisno kaseleg merga olehe mangan disambi nonton TV. Bu Minal enggal njupukake banyu ngombe. “Nek mangan, aja kesusu! Dirasakna bakwan jagunge, jipange karo trasine supaya kowe uga bisa ngrasakake kangelane biyungmu ngolah iku mau kabeh kanggo kowe. Ora pantes nampa berkahe Gusti Allah kok karo disambi, ketok yen ora ana rasa sokur.” Mangkono piwelinge pak Wiryo.

Dhateng Timoteus, Rasul Paulus ngemutaken bilih ing dinten-dinten wekasan badhe wonten tiyang-tiyang ingkang ketingalipun ngibadah nanging tetep nindakaken bab ingkang cengkah kaliyan karsaning Allah. Temtu lampah ingkang mekaten boten dados karsaning Allah saktemah ndhatengaken paukuman. Mila Rasul Paulus ngemutaken supados Timoteus nebihi tiyang-tiyang ingkang mekaten.

Temtunipun para pandhereking Sang Kristus boten kapengin nampi paukuman. Supados gesangipun katebihaken saking bab-bab ingkang cengkah kaliyan karsaning Allah, manungsa kedah mbangun pakulinan mbangun-turut dhateng Gusti Allah wiwit alit mila. Ingkang sepisan kados dene Rasul Paulus, tiyang sepuh kedah disiplin dados patuladhan langkung rumiyin. Temtu boten prayogi menawi lare sami nggadhahi pakulinan awon awit ningali pakulinanipun tiyang sepuh. Kaping kalih, tiyang sepuh sampun ngantos bosen ngemutaken sakderengipun lare dados kulina. Kanthi mekaten, lare boten badhe nganggep limrah pakulinanipun tiyang sanes; kados ta nedha kaliyan dolanan HandPhone lan ngucapaken tembung pisuhan. Kados dene Rasul Paulus nresnani Timoteus saktemah boten lila menawi Timoteus dhawah ing dosa lan nampi paukumaning Allah, mekaten ugi tiyang sepuh kedah temen mbudidaya njagi supados lare tansah gesang jumbuh kaliyan karsaning Allah kanthi boten bosen-bosen paring pemut lan tuladha. |*GPY