GKJ Wonogiri GKJ Wonogiri
Berita

RENUNGAN HARIAN

JUMAT, 24 OKTOBER 2025

Jumat, 24 Oktober 2025 12
GKJ Wonogiri

Yeremia 9:17-26; Jabur 84:1-7; II Timoteus 3:10-15

PANGGULAWENTHAH LAN TULADHA

“Elinga uga, yen wiwit cilik kowe wus wanuh karo Kitab Suci”

(II Timoteus 3:15a)

“Le, kowe ora sinau? Jare mbesuk ulangan.” Bu Minal ndangu anake sing nembe gawe benang gelasan. “Sampun sinau, bu. Dhasar menawi IPS niku gampil.” Mangkono wangsulane Trisno. Mireng wangsulane Trisno, pak Wiryo ngandika: “Ngger, aja dumeh! Sapa sing ora waspada, mesthi lena. Benangmu gulungen, bukumu jupuken. Saiki sinau karo bapak. Aja nganti bijimu ala!”

Rasul Paulus nyariyosaken anggenipun Gusti Allah paring kakiyatan lan pitulungan nalika piyambakipun kaaben-ajengaken kaliyan bebaya lan panandhang nalika nindakaken peladosa; inggih punika martosaken Kabar Kabingahan. Kasetyanipun Gusti Allah punika ingkang ndayani anggenipun Rasul Paulus tetep bakuh nindakaken peladosan punika ugi sampun karaosaken dening Timoteus ingkang ugi ndherek nandhang panganiaya sesarengan kaliyan Rasul Paulus ing Antiokhia, Ikonium lan Listra. Kanthi dhasar punika, Rasul Paulus ngemutaken Timoteus supados tansah temen gondhelan dhateng kayekten ingkang dipun pitadosi; langkung-langkung Timoteus sampun wiwit alit mila wanuh dhateng Kitab Suci lumantar panggulawenthah lan patuladhan saking Lois, simbahipun; lan Eunike, biyungipun (2 Timoteus 1:5). Timoteus ugi kaemutaken supados tansah ngandhemi piwulang, lampah gesang, pamanggih, kapitadosan, kasabaran, katresnan lan tumemenipun Rasul Paulus.

Para tiyang sepuh ing samangke ugi nggadhahi tanggeljawab ingkang wigati; inggih punika nggulawenthah lan dados tuladha tumrap para lare. Bab punika sampun ngantos kaanggep sepele, langkung-langkung ing jaman modern ingkang sarwi digital saktemah gampil anggenipun nampi informasi punapa kemawon. Tanggeljawab punika boten entheng awit ugi tumut nemtokaken kapribadening lare nalika ngancik diwasa. Sinaosa awrat lan kedah ngrekaos, sumangga sami mbudidaya temen mbudidaya paring panggulawenthah lan tuladha ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah supados para lare nalika ngancik diwasa saged dados pribadhi ingkang ajrih-asih lan mbangun-turut dhateng Gusti Allah. |*GPY