GKJ Wonogiri GKJ Wonogiri
Berita

RENUNGAN HARIAN

SENIN, 27 OKTOBER 2025

Senin, 27 Oktober 2025 8
GKJ Wonogiri

I Samuel 2:1-10; Jabur 84:8-12; I Petrus 4:12-19

JUJUR ING SAKDHENGAH KAWONTENAN

“Kang iku para kang nandhang sangsara marga saka karsaning Allah, iku padha masrahna nyawane, kalawan tansah nglakoni kabecikan, …”(I Petrus 4:19a)

Manut welinge biyung, mbesuke Trisno nyaritakake bab ulangan IPS sing maune disidhem. Mireng ature Trisno, pak Wiryo ngandika: “Piye sing mbok rasakake saiki? Lega, to? Wis ora wedi, to? Bapak ora duka, mung ngelingake yen ora becik ngenthengake apa bae. Dene luwih becik menawa kowe tansah eling lan waspada kanthi temen sinau.” Mangkono piwelinge pak Wiryo sinambi nglebokake dhuwit sangu neng sragame Trisno.

Sanadayan jujur punika sae, nanging emanipun boten sadaya tiyang siyap nampi kajujuran; langkung-langkung menawi gegayutan kaliyan kapentingan pribadhi. Murid ingkang boten sinau temtu bingung ngadhepi ulangan saktemah gampil kapilut tumindak boten jujur kanthi nyontek. Dene menawi wonten kanca ingkang boten purun paring contekan, piyambakipun nepsu lajeng tegel tumindak awon dhateng kancanipun punika. Tiyang diwasa ingkang nyambut ugi asring ngadhepi bab ingkang sami ing papan panyambut damelipun. Nalika wonten kanca tumindak boten jujur kanthi ngunthet ingkang boten hak-ipun, piyambakipun ugi tumindak boten jujur kanthi boten ngemutaken kancanipun ingkang tumindak boten jujur lan goroh nalika dipun dangu pimpinan bab punapa kemawon ingkang kelampahan awit ajrih.

Rasul Petrus nelakaken supados sampun ngantos gumun nalika nemahi panandhang minangka pasamuwanipun Gusti ingkang gesang ing saklebeting bebener lan katresnan awit Gusti Yesus sinaosa nindakaken kabecikan kemawon ugi sinangsara lan seda sinalib. Mila katedahaken bilih estunipun dados kabingahanipun pasamuwan menawi sumadya nandhang sangsara sesarengan kaliyan Sang Kristus ing saklebeting bebener. Dene Rasul Petrus ugi ngemutaken supados sampun ngantos pasamuwanipun Gusti sami nandhang sangsara karana nindakaken piawon. Pandhereking Sang Kristus katimbalan supados masrahaken gesang kanthi sumedya tansah nindakaken bebener; kalebet jujur, ing sakdhengah kawontenan lan sakuruting gesang. |*GPY