1 Para Raja 17:8-16, Jabur 56, 1 Korinta 2:6-16
GUSTI INGKANG NJAGI
“Amargi Paduka sampun ngluwari nyawa kawula saking pejah,
malah njagi suku kawula, satemah boten kesandhung; mila kawula
saged lumampah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah,
ing pepadhanging gesang”
(Jabur 56:14)
Saben tiyang temtunipun nate ngraosaken ajrih wonten ing gesangipun. Menawi dipun raos-raosaken, kathah bab ingkang saged dadosaken kita raos ajrih. Ing antawisipun inggih punika, gesang piyambakan, lumampah ing margi ingkang sepen saha peteng, boten gadhah arta lan saputurutipun. Nalika manah kita ngraosaken ajrih, ingkang dipunbetahaken inggih punika rencang utawi kanca. Temtu rencang punika inggih satunggaling pribadi ingkang saged ngamping-ngampingi, njagi lan mitulungi kita. Lajeng sinten ingkang saged njagi kita satemah kita mboten ajrih malih? Pribadi punika inggih namung Gusti Allah piyambak.
Bab punika kados cundhuk kaliyan paseksinipun Juru Mazmur ingkang sinerat ing Jabur 56. Juru Mazmur punika nelakaken kados pundi Gusti Allah tansah ngayomi saha njagi gesanging umat kagunganipun. Nalika umat tansah sumendhe saha pitados dhumateng Gusti Allah, badhe pinaringan kakendelan, kakiyatan saha raos ayem tentrem wonten ing gesangingipun. Mboten namung punika kemawon, Gusti Allah ugi nelakaken katresnan saha panguwaosipun kanthi ngluwari saking bebaya saha tansah njagi umatipun. Sadaya punika dipun tindakaken dening Gusti Allah supados umat kagunganipun boten kesandhung lan saged lumampah wonten ing margi ingkang padhang.
Saking pangandikanipun Gusti punika, kita tansah dipunbereg supadosa anggadhahi sikep pitados lan tansah ngayom dhumateng Gusti, satemah pinaringan kakendelan saha raos ayem tentrem anggenipun nglampahi gesang punika. Amargi Gusti Allah tansah ngayomi, njagi saha ngamping-ngampingi kita sadaya, satemah suku kita boten gloyoran lan saged lumampah ing margi pepadhanipun Allah. Amin |*MEK (SABDA WINEDHAR)