GKJ Wonogiri GKJ Wonogiri
Berita

RENUNGAN HARIAN

SELASA, 29 APRIL 2025

Selasa, 29 April 2025 15
GKJ Wonogiri

Ester 8:1-17; Jabur 122; Wahyu 2:8-11

MOKAL EWAH?

“Kang iku sira padha nulisa bab ing ngatase wong Yahudi, kaya sapamrayoganira atas asmane Sang Prabu lan kaecap nganggo sesupe dalem, iku ora kena kasuwak pisan-pisan.” (Ester 8:8)

Sasampunipun Haman pejah ing saka panyulahan, sedayanipun ketingal sae-sae kemawon. Ananging, kanyata bilih perkawisipun dereng rampung. Bebaya taksih ngancam tiyang-tiyang Yahudi. Sinaosa Haman sacara wadag sampun mboten wonten, ananging warisanipun taksih gesang. Inggih menika serat-serat damelanipun Haman ingkang isi dhawuh supados numpes sekathahing tiyang Yahudi ing dhaerah wewengkonipun Sang Prabu taksih kelampahan lan mboten saged dipun ewahi. Sinaosa mekaten, wonten kamungkinan serat-serat menika saged dipun ewahi, inggih kanthi ngedalaken serat-serat anyar ingkang tingkat wewenangipun langkung inggil. Mila, Ester selajengipun nyenyuwun dhumateng Sang Prabu supados nyeled serat-serat damelanipun Haman, kagantos serat-serat saking Sang Prabu ingkang adhawuh njalari kawilujenganipun tiyang Yahudi. Ing sewaunipun mboten saged dipun ewahi, pungkasanipun saged dipun ewahi.

Kawontenan ingkang sami mbokbilih ugi kita alami. Kadosdene Ester lan Mordekhai, kita ugi dipun adhepaken kaliyan kawontenan ingkang mokal saged dipun ewahi. Ngengingi sesakit ingkang mboten saged mantun. Ngengingi perkawis kulawarga, anak sampun umur diwasa nanging dereng saged tanggel jawab. Umur sampun sangsaya tambah nanging dereng kaparingan yoga. Semah ingkang saben dinten kita dongakaken ananging mboten ngalami ewah-ewahan. Peranganing brayat ingkang angel sanget nampi Gusti Yesus. Bisnis ingkang mboten ngalami pertumbuhan. Sedaya menika ketingalipun angel sanget dipun ewahi utawi mokal dipun ewahi, ananging sampun ngantos kita cilik ngati. Wonten setunggal “serat-serat/meterai” ingkang saged ngewahi sedaya menika, meterai ingkang wewenangipun langkung inggil saking sadhengah perkawis ingkang mokal. Inggih menika, kagem Gusti mboten wonten perkawis ingkang mokal. Kadosdene Sang Prabu ingkang kuwagang ngewahi meterai Haman ingkang mboten saged dipun ewahi. Gusti Allah punika langkung kuwagang, Panjenenganipun kuwaos ngewahi kawontenan gesang kita. Pitadosa! Amin. |*SAR