Ester 9:1-5; Jabur 122; Lukas 12:4-12
RUMAKET KALIYAN GUSTI
“Ujer Sang Mordekhai iku gedhe pangwasane ana ing kadhaton, sarta misuwur warata ana ing sakehing dhaerah, amarga Sang Mordekhai sangsaya mundhak pangwasane.” (Ester 9:4)
Pasrawungan ingkang celak kaliyan para pangarsa, pangageng panci saged maringaken kauntungan sacara mirunggan. Samudayanipun kados-kados langkung gampil. Kedah dipun akeni bilih bangsa Yahudi kasil, sukses ing Persia, dipun ajeni lan ajrihi kaliyan mengsah-mengsahipun. Sedaya menika mboten uwal saking kalenggahanipun Ester lan Mordekhai ingkang caket sanget kaliyan Sang Prabu. Awit keparengipun Sang Prabu, drajatipun Ester lan Mordekhai kaangkat. Ester dados ratu prameswari lan Mordekhai dados panggedhenipun Karajan. Awit pangwaosipun menika, tamtu kemawon tiyang-tiyang Yahudi gampil sanget ngawonaken mengsah-mengsahipun.
Ing babagan gesang karohanen, kita kedah mapanaken dhiri langkung inggil tinimbang prekawis-prekawising gesang. Kita kedah unggul saking rupi-rupi prekawis lan tantanganing gesang menika bab ingkang wigati. Saumpami ing paprangan, kita dados sniper ingkang kanthi gampil ngawonaken mengsah awit wonten ing posisi inggil, nggadhahi pandhangan ingkang wiyar. Mbudidaya unggul saking tantanganing gesang punika bab ingkang prayogi. Bab punika saged kalampahan manawi kita nggadhahi sesambetan ingkang rumaket kaliyan Gusti, menika ingkang dados prioritas kita. Menawi penggalihipun Gusti sampun karenan dhateng kita, mila posisi kita ugi dados langkung inggil.
Ing pagesangan kita, mbokmenawi kita ngadhepi “Goliat” utawi tantangan, ananging rumaketipun sesambetan kita kaliyan Gusti dados jaminan kita kuwagang ngawonaken “goliat” menika. Dawud nalika ngadhepi Goliat ingkang sacara fisik langkung inggil. Nanging Dawud saged ngawonaken. Kuncinipun inggih menika Dawud ngadhepi Goliat kanthi mbekta asmanipun Gusti, langkung inggil tinimbang menapa kemawon. Perkawis pergumulan kita mbokmenawi ageng ugi awrat, ananging sampun ngantos kita kesupen bilih kita nggadhahi Gusti Allah ingkang luhur. Nalika kita tansah rumaket kaliyan Gusti, ajrih asih dhumateng Gusti (Luk. 12:5), mila Panjenengane badhe ngrampungaken perkawis pergumulan kita.| *SAR