GKJ Wonogiri GKJ Wonogiri
Berita

RENUNGAN HARIAN

JUDUL : SAMI MRATOBAT

Selasa, 16 September 2025 11
GKJ Wonogiri

Yunus 3:1-10; Jabur 73; 2 Petrus 3:8-13

SAMI MRATOBAT

“Bareng Gusti Allah ngudaneni apa kang dilakoni wong-wong mau, yaiku anggone padha mratobat ninggal lakune kang ala, Gusti Allah banjur apiduwung ing bab anggone ngrancang arep ndhawahake bilai marang wong-wong mau, nuli iku diwurungake.” (Yunus 3:10)

Gusti Allah sengit lan boten remen dosanipun tiyang, nanging nresnani tiyang dosa, mirungganipun tiyang dosa ingkang purun mratobat. Mekaten ugi kawontenaning warga Niniwe. Punapa ingkang katindakaken dening warga Niniwe punika awon lan sami nindakaken kadurakan. Warga kitha Niniwe punika awon lan dados ancaman kangge bangsa sanes. Pangeran Yehuwah kagungan rancangan nyirnakaken kitha Niniwe, lajeng ngutus Nabi Yunus kangge ngundhangaken pameleh dhateng negari Niniwe.

Yunus boten nuhoni dhawuh saking Pangeran Yehuwah, malah mlajar saking dhawuh timbalanipun lan kesah tumuju Tarsis. Yunus tebih saking pangayunanipun Pangeran Yehuwah, lajeng kesah dhateng Yafo nitih baita. Yunus mboten remen dhateng tiyang-tiyang Niniwe. Yunus gadhah pemanggih bilih tiyang duraka panci kedah kaukum lan kagempur negarinipun, boten perlu ngundhangaken pamratobat. Ananging rancanganipun Gusti mesthi kelampahan, wusana Yunus sadhar lan nindakaken dhawuh timbalan saking Pangeran Yehuwah.

Yunus bidhal dhateng Niniwe lajeng nguwuh-uwuh: “Kurang patang puluh dina, Niniwe mesthi bakal kagempur.” Tiyang Niniwe boten nepsu, nanging pitados bilih Pangeran Yehuwah badhe nyirnakaken Niniwe menawi boten sami mratobat. Milanipun tumuli sami ngundhangaken siyam lan ngangge bagor, wiwit ingkang diwasa dumugi lare-lare. Prekawis punika kapiyarsa dening Sang Nata ing Niniwe, panjenenganipun tumuli tedhak saking dhampar, ngrucat pangagemaning kaprabon, sarta ngagem bagor tuwin banjur lenggah nglosod ing awu. Sang Prabu lan para pangageng Niniwe, lan sedaya ingkang manggen sami nindakaken siyam ngakeni dosa lan mratobat.

Nalika Gusti Allah ngudaneni punapa ingkang dipun lampahi tiyang Niniwe, inggih punika anggenipun sami mratobat, Gusti Allah lajeng trenyuh lan paring pangapunten. Mila sami mratobata. |*DAC