GKJ Wonogiri GKJ Wonogiri
Berita

RENUNGAN HARIAN

JUDUL "SAOS PUJI DHUMATENG YEHUWAH"

Jumat, 19 September 2025 23
GKJ Wonogiri

Yehezkiel 22:17-31;Jabur 113; Rum 8:31-39

SAOS PUJI DHUMATENG YEHUWAH

“Haleluya! He para abdining Pangeran Yehuwah, padha saosa puji, padha saosa puji marang asmaning Sang Yehuwah.”

(Jabur 113:1)

Sacara umum manungsa punika remen nampi pangalembana. Kirang remen dhateng tiyang sanes ingkang kasil nanging malah ngasoraken sesami. Benten kaliyan Sang Juru Pemazmur ingkang langkung remen memuji Gusti minangka Pribadi ingkang maha luhur nglangkungi sedaya bangsa lan kebak ing kamulyan. Sinten kemawon ingkang ningali Gusti Allah badhe tansah rumaos alit (ayat 1-6).

Gegambaran bab Gusti ingkang maha luhur lan manungsa ingkang asor boten supados para abdinipun kalimputan eram lan pamujan. Kosok wangsulipun, punika mujudaken pepenget ngengingi punapa ingkang saged katindakaken Gusti saking dhamparing kamulyanipun ingkang suci. Panjenenganipun saged kemawon ngiwahi kawontenanipun manungsa. Kagem Gusti ngangkat drajadipun tiyang mlarat lan sekeng boten prekawis ingkang angel. Gusti Allah ugi saged mbirat najising manungsa lan nggantos kanthi bombonging manah lan kabingahan.

Gusti boten negakaken umat ingkang nggadhahi iman, setya ngibadah, lan tumemen nindakaken sabdanipun. Ananging tiyang mursid ugi saged gesang ing panandhang. Kathah tiyang kecalan warganing brayatipun ingkang ketingal kondhang satemah boten kondhang malih, malah kasingkiraken. Wonten ugi ingkang dados mlarat karana dados korban kaculikan bisnis, tumindak boten adil, punapa dene kapentinganing para panguwaos. Wonten ingkang kaasoraken dening sesaminipun karana kawontenan raga ingkang cacad.

Juru masmur ngemutaken bilih Gusti Allah boten namung mirsani pangibadah lan kamursidan kita, nanging ugi mirsani gesang kita padintenan. Sumangga kita pitados bilih pengaken dhateng Gusti Allah ingkang Maha luhur boten namung wujuding pamuji, ananging dados pepemut bilih Panjenenganipun kuwaos ngangkat kita saking sedaya kaapesan, kasekengan, lan bilai, malah saking pepejah. Gusti Allah ngersakaken kita gesang sami dene ngaosi sesami sinaosa benten-benten kawontenanipun. Kathah prastawa ngeramaken, mila sumangga kita tansah emut bilih boten wonten ingkang mokal kagem Gusti Allah. Sami saosa puji kagem Pangeran Yehuwah. I *DAC