Wulang Bebasan 14:12-31; Jabur 12; Para Rasul 4:1-12
WICAKSANA PUNIKA NGATOS-ATOS
“Wong wicaksana iku ngati-ati lan nyingkiri piala, nanging wong gemblung nguja karepe sarta rumangsa tentrem.”
(Wulang Bebasan 14:16)
Kathah pejabat ingkang dipun cepeng dening Polisi amargi nindakan korupsi. Sejatosipun para pejabat punika kalebet tiyang ingkang sugih. Asring tuwuh pitakenan, “wis sugih kok korupsi?”. Angel dipun mangretosi, tiyang ingkang sampun sugih lan inggil kalenggahanipun, purun nglampahi piawon ingkang ndadosaken gesangipun rekaos.
Manungsa gadhah maneka warni pepenginan, pengin kasil utawi sugih asring dhawah ing pacoben. Panggodha punapa kemawon saged dipun alami sedaya tiyang boten namung ingkang sugih nanging ugi ingkang ringkih utawi mlarat. Manungsa mbetahaken manah ingkang wicaksana.
Gusti Yesus nate ngalami panggodha nalika sayah ing salebeting siyam sekawan dasa dinten (Matius 4:1–11). Iblis ngertos wekdal nalika manungsa ingkang kerapan mbetahaken tetedhan. Awit kawontenanipun ing sakiwa tengenipun boten wonten tetedhan, dados kirang ngatos-atos. Ningali wonten tetedhan lajeng dipun tedha, boten ningali punika sehat napa boten. Nanging Gusti Yesus punika wicaksana. Sinaosa kerapan nanging pirsa panggodha ingkang dipun adhepi. Gusti Yesus saged kemawon damel sela dados roti, nanging boten boten dipun tindakaken awit pirsa ancasipun anggenipun siyam.
Ayat kita nedahaken bilih tiyang wicaksana tansah ngatos-atos lan nebihi piawon. Ingkang dados kawigatosan inggih punika kasunyatan bilih boten sedaya ingkang awon ketingal ing wiwitanipun. Asring punapa ingkang awon malah dados punapa ingkang saged dipun raosaken ing satengahing lingkungan ingkang aman, umpaminipun ing warganing brayat, kulawangsa utawi sedherek. Ingkang dipun pitadosi ing pitembungan, pitedah punapa pangajak kangge nindakaken prekawis ingkang boten sae saking tiyang ingkang dipun tepang, langkung gampil kangge kagodha. Awit rumaos aman wonten ing satunggaling pakempalan, tiyang gampil tumut nindakaken piawon nuruti pikajengipun.
Sumangga dados tiyang ingkang wicaksana kanthi ngatos-atos lan nebihi piawon. Sampun ngantos dados tiyang gemblung ingkang mbujeng pikajengipun piyambak awit rumaos tentrem nindakaken piawon. I *DAC